Jumat, 30 September 2016

Ngalap Berkah Tetedhan Jawi, Wedang kendel ...??!! Sidareja 1 Suro

NGALAP BERKAH, TETEDHAN JAWI, UNJUKAN KENDHEL..ThIiwul menul-menul, Gatot .. iteng janges mandan ALOT .. SAWUT thelo kaspo (tombo gelo) sing putih diwut-diwut ...hahahaha..!
Ini bukan promiosi tapi kenyataan (real ..original..) Silahkan dibuktikan bisa dinikmati gratis dan tersaji pada MISA SURAN (Maar mantan Rm Vincentius Suranto-mesti kawiyosaken ing wulan punika..ngih Mo, mergi pas ngetik kalimat SURO mendalipin Rm Ranto, mila pun enter mawon, berlaku kangge undangan ...hhh Minggu, 2 Oktober 2016, pukul 17.30, Sambil menikmati minuman Wedang Jahe .. siap menghangatkan badan, ...Pilihan lain "NASGITHEL", orang Jawa sangat familieeeer.. dengan kata-kata itu, apa lagi Bapak-bapak yang kasepuah..."Panas, Pahit, Legi, ..Kenthel" itu sebutan Minuman Teh Jawa (Airnya dipanaskan khusus dengan arang kayu landingan, tehnya cap pendawa lima, manisnya dengan gula batu asli pabrik gula lokal, disedu air panas dari mata air gunung slamet .. uaaduh..ketone uenak tenan,..itu idealnya) Semoga ..."! Pokoknya mari datang Misa dan ...minikmati sajiannya, lengkap pokoknya ..ya Rohani ya Jasmani, kalau beruntung...sambil mendengarkan Gendingan / nyanyian Jawa ..teman-teman dari Jogja. Solo, Klaten, Purworejo (Romo Wid ..ini jagonya Gendingan / Nyanyi..red) ditunggu suguhannya ....Kami tunggu kehadiran MU semua ..besok sore. Jangan lupa kalau bisa (tidak memaksa) bernuansa Jawa bagi yang punya dan berkenan. terbuka untuk umat se paroki, bukan HANYA JAWA" TAPI SEMUANYA,,! 
(--seksi.publikasi.misa suro--snca.prk----)

Coment :

Paroki Santo Yoseph Sidareja Boleh komentar kalau belum ..paham maksudnya .... kalau sudah komentarnya ..yang lebih banyaaaaaaak..!
Suka · Balas · 1 · 15 menit
Paroki Santo Yoseph Sidareja
Paroki Santo Yoseph Sidareja Oh..ngih ..menawi Romo Uskup J.Sunarko,SJ, dangan ing penggalih ... kawula aturi rawuh...langkung-lamgkung punika nuansanipun Jawi ...menthi cocok sanget ... Mo Wid,...saget ngih Romo Uskup ... menawi benjang badhe dateng...mbok mboten ..napa=napa ... sagetlah.... tapi menawi badaranipun sehat tuwin kelegan ing galih. AMin.
Suka · Balas · 10 menit

Kamis, 29 September 2016

Tata Laksana Misa Suro 2016, Paroki Sidareja



TATA LAKSANA BOJANA EKARISTI
WARSA ENGGAL 1 SURA 1950

Gesang Penuh ing Kapitadosan Dhumateng Sang Kristus
Wonten ing Budaya Jawi


PAMBUKA

Kidung Pambuka                                                                     K.A. No. 156

Tanda Pamentangan lan Salam Pambagya
I.     Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama,
saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
U.    Amin.
I.     Para sedulur kinasih, sih nugraha  Dalem Gusti Yesus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan  Hyang Roh Suci, tansah manunggala.
U.    Kaliyan kula sedaya

Cecala
I.     Bapak-Ibu, para sadulur kinasih, dinten punika pasamuwan Suci ngajak kita sadaya makempal wonten ing papan punika saperlu ngawontenaken tirakatan mangayubagya Warsa Enggal miturut petangan Jawi. Kita lumebet wonten ing 1 Sura 1950 (sewu sangangatus Seket). Sasi Sura punika sasi ingkang suci ugi. Sasi ingkang istimewa kangge kita sadaya anggenipun mbangun pankurmatan dhumateng Allah.
Pramila, kita sadaya sapunika badhe ngaturaken atur panuwun dhumateng Allah awit saking sadaya berkah Dalem ingkang tansah linuberan dhumateng kita sadaya ing sakjroning taun kepengker. Kita ugi badhe nyuwun berkah kangge gesang kita wonten ing warsa enggal punika.

Pamartobat
I.     Sumangga kita sami ngaturaken keduwunging manah wonten ing ngarsa Dalem Gusti. Kita nyuwun pangapunten Dalem supados pantes ngriyayakaken bojana kurban ekaristi punika.
U.    Kawula ngakeni Ing ngarsaning Allah ingkang mahakuwasa tuwin para sadherek sadaya. Bilih kawula sampun nglampahi dosa. Srana gagasan, tetembungan, tindak-tanduk, tuwin nglirwakaken kewajiban, awit saking lepat kawula, saking lepat kawula, saking genging lepat kawula. Pramila kawula nyuwun ingarsanipun Ibu Kenya Maria, para Malaekat tuwin para Suci sarta para sadherek sadaya, karsaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah Pangeran kawula.
I.     Muga Allah kang Mahakuwasa karsaa paring palimirma lan pangapuraning dosa, sarta nuntun kita sadaya dhateng gesang langgeng.
U.    Amin

Gusti Nyuwun Kawelasan                                                K.A. No. 178

Minulya                                                                             K.A. No. 188

Sembahyangan Pambuka
I.     Suwawi sami munjuk:
Gusti Allahing alam sawegung, ing dinten punika kawula mahargya dhawahing warsa enggal, 1 Sura 1950. Kaparenga kawula sumujud ing sangandhaping Sampeyan Dalem, atur puji syukur tuwin mulyakaken asma Dalem, saha ngajeng-ajeng rumentahing sih Dalem. Keparenga kawula sami suka gambira margi katunggilaken kaliyan Gusti ingkang boten nate dhamel kuciwaning manah sadaya tiyang ingkang tansah ngantu-antu kawilujengan Dalem.
Lantaran Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem, ingkang nunggil kalian  Hyang Rama tuwin Hyang Suci gesang lan mengku kaprabon ing salami-laminipun.
U.    Amin








IBADAH SABDA

Waosan Kapisan                                                             Lel   17:16.22-31
Pethikan saking Kitab Lelampahanipun Para Rasul
Nalika semana, Rasul Paulus ana ing kutha Aténa ngentèni tekané Silas lan Timotius. Rasul Paulus prihatin weruh brahala-brahala sing akèhé prasasat ngebaki kutha Aténa mau. Rasul Paulus nuli ngadeg ing ngarepé parepatan Aréopagus kono, sarta sesorah: "Para sedhèrèk ing kitha Aténa! Kula sumerep saking sedaya prekawis, ketitik bilih panjenengan punika tiyang ingkang ngibadah. Amargi nalika kula mlampah-mlampah ing kitha, kula sumerep ing antawisipun papan-papan sembahyang panjenengan, wonten ingkang mesbèhipun dipun serati makaten: 'Kasaosaken dhateng Allah, ingkang mboten dipun ngertosi'. Inggih Gusti Allah ingkang panjenengan bektèni tanpa panjenengan ngertosi punika ingkang kepéngin kula criyosaken dhateng panjenengan. Inggih punika Allah ingkang sampun nitahaken jagad punika lan saisinipun. Inggih Allah punika Allahipun langit lan bumi. Allah punika mboten manggèn wonten ing kuil-kuil utawi candi-candi damelanipun manungsa. Panjenenganipun inggih mboten mbetahaken sesajèn punapa kémawon saking manungsa, sebab Panjenenganipun ingkang maringi ambekan lan gesang tuwin samukawis dhateng manungsa. Saking tiyang setunggal, Gusti Allah wau sampun ndadosaken bangsa-bangsa kapurih manggèn ing salumahing bumi ngriki. Inggih Gusti Allah punika ingkang netepaken saking wiwitan mila wekdal, sarta papan padununganipun piyambak-piyambak. Enggènipun Gusti Allah tumindak makaten punika, supados manungsa sami ngupadosana Panjenenganipun. Sokur bagé saged manggihaken Panjenenganipun. Jalaran èstunipun Gusti Allah wau mboten tebih saking kita piyambak-piyambak. Kados ingkang sami dipun cariyosaken tiyang kathah, 'Karana pangwaosipun kita sami gesang, sami makarya lan manggèn ing donya punika.' Kados ingkang dipun pratélakaken déning para pujangga panjenengan, 'Awit, kita ugi tedhak turunipun Gusti Allah.' Sarèhné kita punika para putranipun Gusti Allah, mila mboten leres menawi kita nganggep, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kados reca, ingkang kadamel saking emas, slaka utawi séla ingkang kawangun miturut kapinteranipun manungsa. Tanpa ngèngeti jaman tiyang-tiyang taksih bodho-bodho. Gusti Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih sedaya manungsa kedah sami mratobat saking lampahipun ingkang awon. Sebab Gusti Allah sampun netepaken dinten enggènipun badhé ngadili jagad. Pengadilan wau badhé katindakaken déning tiyang, ingkang sampun kapiji déning Gusti Allah. Minangka buktinipun Gusti Allah sampun nangèkaken tiyang wau saking antawisipun tiyang pejah."
       Makaten sabda dalem Gusti
U.    Sembah nuwun konjuk ing Gusti

Kidung Panglimbang                                                     K.A. No. (Mazmur Tanggapan)

Kidung Cecala
Aku iki pepadhanging jagad.
Sing tutburi Aku ndarbeni pepadhanging urip.

Injil Suci                                                                           Luk 5:1-11
I.     Gusti manunggala
U.    Kaliyan kula sadaya
I.     Pethikan Injil Suci anggitane Santo Lukas
U.    Linuhurna Gusti
Nalika samana Gusti Yesus jumeneng ana ing pinggir tlaga Gènèsarèt. Dènè wong-wong padha ngangseg arep ngrungokakè sabdaning Allah. Gusti priksa ana prau loro mèpèt ing pinggir. Nanging sing duwè, yaiku juru misaya iwak, lagi mentas ngresiki jalanè. Gusti nuli nitih prau duwèkè Simon lan mundhut supaya prau rada ditengahakè. Gusti nuli paring piwulang marang wong sapirang-pirang mau karo lenggah ana ing prau. Satelasè pangandika Dalem, Gusti dhawuh marang Simon: "Coba, praumu parakna manengah lan jalamu tibakna kanggo golèk iwak." Simon caos wangsulan: "Gusti, sampun sadalu natas anggèn kula sami rekaos, tanpa angsal punapa-punapa. Nanging sarèhnè Gusti ingkang dhawuh, jala badhè kula kapyukaken." Jala nuli dikapyukakè lan oleh iwak akèh banget, nganti jalanè mèh bedhah. Kanca-kancanè sing ana ing prau sijinè diawè, diekon ngrèwangi. Sing diundang padha teka, praunè karo pisan diisèni iwak nganti kebak kaya arep kèrem-kèrema. Sumurup kaya mangkono mau, Simon Petrus banjur nyungkemi pada Dalem Gusti Yesus karo matur: "Gusti, kula aturi jengkar, awit kula punika tiyang dosa." Awit Petrus lan kanca-kancanè sumlengeren weruh olèh-olèhanè njala. Samono uga Yakobus lan Yoanès, anakè Zèbèdèus, sing padha ngrèwangi Simon. Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang Simon: "Wis aja sumelang, wiwit saiki kowè bakal njala wong." Prau nuli dientasakè lan kabeh banjur ditinggal, padha ndèrèk Gusti

I.     Rahayu wong kang uripe salaras karo Sabda Dalem Gusti,
lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem.
U.    Rinesepna Sabda Dalem Gusti ing manah kawula.
Homili

Kawula Pitados
I.     Kawula pitados ing Allah
U.    Rama ingkang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra dalem ontang-anting, Pangeran kawula. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasaning Hyang Roh Suci. Ingkang nandhang sangsara, nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama sang Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh, ngadili para tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang suci. Lan panunggiling para suci. Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng. Amin

Panyuwunan Umum
I.     Para sadulur, sumangga kita sami ngaturaken panyuwunan kita kangge rumentahing sih Dalem marang kita sadaya wonten ing saklebeting warsa enggal punika.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
L.    Mugi Gusti tansah paring berkah dhumateng pasamuwan utaminipun pasamuwan Katolik ing Paroki Santo Yoseph Sidareja. Mugi ing sakjroning warsa punika, kawula sadaya sesarengan saged mbudidaya anggenipun ngrembakakaken iman kapitadosan. Mugi kawula sadaya wonten ing warsa enggal punika tansah binerkahan kawilujengan awit saking panuntunipun bapa suci, para uskup, tuwin para imam.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
L.    Mugi Gusti karsaa paring berkah kangge bangsa lan nagari Indonesia, utaminipun para manggalaning praja supados tansah ngupaya mbangun pasadherekan sejatos lan mujudaken masyarakat ingkang tata tentrem karta raharja linandesan kaadilan dan asih tresna. Mugi Gusti kersa ngamping-ngampingi para pemimpin bangsa, supados anggenipun nuntun saha ngladosi masyarakat boten kekathahen pamrih warni-warni.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
L.    Mugi Gusti karsa paring kamantepan dhateng sadaya tiyang ingkang gojag-gajeg manahipun, paring pamartobat dhateng para dosa lan paring pangandel dhateng ingkang déréng sami pitados.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
L.    Mugi Gusti karsa ngenggalaken pangandel, pangajeng-ajeng tuwin katresnan kawula sedaya supados kawula saged migunakaken wekdal peparing dalem kanggé ngabdi Gusti lan ngladosi sesami kanti bingahing manah.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
L.    Mugi Gusti tansah paring berkah kangge sadaya brayat ing paroki Santo Yoseph Sidareja ingkang makempal ing Stasi-stasi Cisumur, Gandrungmangu, Cinangsi, Cipari, Penyarang, Sekarmayang lan Gendiwungcagak, lan ugi ing Lingkungan-lingkungan Petrus, Agustinus lan Carolus; saenggo ing sakjroning warsa enggal punika sadaya saged mbangun brayat ingkang tentrem lan suci.
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
I.     Kita sami ening sawetawis kangge ngaturaken panyuwunan kita piyambak-piyambak wonten ing sajroning batos........
--------------------  ening sawetawis   --------------------
Sumangga kita sami nyuwun:
U.    Gusti paringa pangayoman lan kekiyatan dhateng kawula
I.     Gusti, Sampeyan Dalem karsa njagi prauning Pasamuwan Dalem tuwin paring kawilujengan dhateng sadaya kemawon ingkang sami setya tuhu ing Sampeyan Dalem, sajroning nglangkungi sawarnining prahara, reribeding jaman ngantos dumugi ing swarga, plabuhan papan lerem kawula. Pramila kawula nyuwun ing Sampeyan Dalem, mugi karsaa paring pangayoman kangge kawula sadaya wonten ing warsa enggal punika.
Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U.    Amin.



IBADAH EKARISTI

Kidung Pisungsung                                                 K.A. No. 204

Sembahyangan Cecawis
I.     Pinujia Gusti Allahing alam sawegung, awit rejeki punika kawula tampi saking kamirahan Dalem Gusti. Sumangga sapunika kawula caosaken ingarsa Dalem wulu-wedaling bumi pakaryaning manungsa dadosa rejekining gesang rohani.
U.    Pinujia Allah ing salami-lami
I.     Pinujia Gusti Allahing alam sawegung, awit unjukan punika kawula tampi saking kamirahan Dalem Gusti. Sumangga sapunika kawula caosaken ingarsa Dalem wohing wit anggur pakaryaning manungsa dadosa unjukaning gesang rohani.
U.    Pinujia Allah ing salami-lami
I.     Padha nyenyuwuna para sedulur, amrih caosan ini pantes tinampia dening Allah Rama kang mahakuwasa.
U.    Mugi caosan lantaran astanipun rama imam katampia ing Gusti, amrih luhur tuwin mulyaning Asma Dalem, amrih migunanana ugi tumrap kawula sadaya, saha Pasamuwan Dalem ing saindenging buwana.
I.     Dhuh Gusti, Rama ingkang mahaasih, mugi karsaa nampi pisungsung punika ingkang mujudaken gunging atur panuwun kawula sadaya awit saking sadaya kamirahan Dalem ingkang sampun kawula tampi wonten ing sakjroning warsa kepengker.
Mugi pisungsung punika ingkang dipun tunggilaken kaliyan kurbanipun Putra Dalem dados berkah kangge kawula sadaya. Mugi semangating warsa enggal 1 Sura punika, nggesangaken raos gentur ing tapa, lan matiraga,  kados dene Gusti kawula Sri Yesus Kristus.
Awit panjenenganipun punika Juru Wilujeng kawula sapunika sarta salami-laminipun.
U.    Amin


SEMBAHYANGAN PUJI PANUWUN AGUNG II
Prefasi
I.     Gusti manunggala
U.    Kaliyan kula sadaya
I.     Padha tumengaa ing ngaluhur
U.    Sampun tumenga ing Gusti
I.     Ayo padha munjuk sembah nuwun konjuk ing Allah
U.    Mila pantes lan prayogi
I.     Mila leres lan prayogi, pantes lan migunani bilih kawula wonten ing pundi-pundi tansah  munjuk sembah nuwun ing ngarsa Dalem Gusti, Rama ingkang mahasuci, Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Jer Gusti sampung dhangan ing panggalih mbangun samukawis dados enggal malih lantaran Sang Kristus, Sang Pamarta, sarta marengaken kawula sami nampi lubering sih nugraha.
Awit sanadyan jumeneng Allah, Gusti Sang Kristus karsa ngrucat kamulyan sarta karya tentreming donya, srana nuntasaken rah ing pamenthangan. Mila lajeng jinunjung ngungkuli samukawis lam tumrap ingkang sami nungkul sumarah, jumeneng margining karahayon langgeng.
Pramila sesarengan kaliyan para malaekat tuwin malaekat agung, kaliyan para suci isining swarga mulya, kawula sami ngidung puji panuwun agung tanpa kendhat ngalembana:

Suci                                                                             K.A. No. 222

I.     Gusti tuhu suci! Sarta jumeneng sumbering sadaya kasucian. Ingkang punika panyuwun kawula mugi kersaa nucekaken pisungsung punika mawi berkahing Roh Dalem Amrih dadosa salira lan rah Dalem  a Gusti kawula Sri Yesus Kristus.
I.     Gusti Yesus, nalika badhe pasrah sangsara saking karsa Dalem pribadi, mundhut roti sarta munjuk sembah nuwun, roti dipun cuwil-cuwil, dipun paringaken dhateng para murid kaliyan ngandika:

Padha tampanana iki, lan padha dipangan; Awit iki saliraku,
salira kang dikurbanake kanggo nglabuhi kowe.

I.     Makaten ugi bakda bojana, Gusti Yesus mundhut tuwung sarta munjuk sembah nuwun malih. Tuwung dipun paringaken dhateng para murid  kaliyan ngandika:

Padha tampanana iki lan padha diombe, awit tuwung iki isi rahku
  rahing prajanjian anyar sarta langgeng, rah kang dituntasake
kanggo nglabuhi kowe lan wong kabeh minangka pangapuraning dosa.
Iki padha tindakna
kanggo ngeling-eling marang aku.

I.     Endah agung kekeraning pangandel
U.    Seda Dalem kawula wartosaken,
wungu dalem kawula akeni,
rawuh Dalem malih kawula antu-antu
I.     Pramila, dhuh Rama, ngengeti seda saha wungunipun Putra Dalem, kawula sami ngun-jukaken rejekining gesang sarta tuwunging kawilujengan minangka atur panuwun. Jer Gusti sampun marengaken kawula sami sowan ngibadah wonten ingriki.
I.     Kejawi punika kawula sami nyuwun  mugi kawula ingkang sami ndherek manunggil ing salira tuwin rah Dalem Sang Kristus, dipun kempalna dados umat Dalem dening Hyang Roh Suci.
I      Dhuh Gusti, kawula aturi mberkahi Pasamuwan Dalem ingkang sumebar ing salumahing bumi. Keparenga kawula sami mindhak-mindhak tresna, manunggil kaliyan Santo Bapa Fransiskus, saha Rama Uskup Julianus, tuwin para imam, diakon, rohaniwan, lan sedaya ingkang martosaken sabda Dalem.
I.     Mugi karsaa melasi sanak-sadherek kawula, ingkang sampun sami tinimbalan kanthi pangajeng-ajeng badhe gesang malih; saha sadaya kemawon ingkang sampun sami kapundhut kanthi sih kawelasan Dalem, mugi katampia ing sunaring pepadhang Dalem. Keparenga sami ngaso kanthi tentrem wonten ing pangayunan Dalem.
I.     Panyuwun kawula, mugi Gusti karsaa paring kawelasan dhateng kawula, supados saged pantes ndherek ngraosaken gesang langgeng sarta memuji tuwin ngluhuraken Gusti, sareng kaliyan Ibu Kenya Maria, Ibuning Allah, Santo Yusup garwa dalem, para Rasul tuwin pada Suci sadaya, ingkang wiwit kina mila kinasih ing Gusti. Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra Dalem.
I.     Inggih lantaran Sang Kristus, sareng kaliyan Sang kristus, nunggil ing Sang Kristus, tuwin manunggil ing Hyang Roh Suci, sagung pakurmatan tuwin kamulyan konjuka ingarsa Dalem Allah Hyang Rama  ingkang mahakuwasa ing salami-laminipun.
U.    Amin

Upacara Komuni

Rama Kawula                                                       K.A. No. 141

Embolisme
I.     Kaluwarna dhuh Gusti saking sawarnining piawon. Dene manah nyuwun tentrem ing wekdal samangke supados kanthi sih pitulungan Dalem, kawula resik saking dosam tebih saking godha rencana, tansah ngantu-antu kamulyan tuwin rawuh Dalem, Sang Pamarta Sri Yesus Kristus.
U.    Awit Gusti ingkang lestantun mengku keprabon, panguwaos, tuwin kamulyan, ing salami-lami.

Sembahyangan Katentreman
I.     Gusti Yesus Kristus, Sampeyan Dalem nate ngandika:
“Kowe padha Daktinggali tentrem, lan katentreman-Ku kang Dakparingake kowe”.  Pramila sampun ngantos mriksani dosa kawula, nanging kawula aturi menggalih pitadosing pasamuwan Dalem, saha wontena dhanganing panggalih. Pasamuwan dalem tansah pinaringana tentrem lan rukun salaras kaliyan karsa Dalem. Gusti ingkang gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.
U.    Amin
I.     Katentreman Dalem Gusti tansah manunggala.
U.    Kaliyan kula sadaya

Hosti Dicuwil-cuwil         / Cempening Allah           K.A. No. 233

Kidung Komuni                                                   K.A. No. 240

Sembahyangan Bakda Komuni
I.     Suwawi sami munjuk:
Gusti Allah kawula ingkang Mahasuci, keparenga kawula nyaosaken atur sembah nuwun,  ing wanci mirunggan 1 Sura 1950 punika. Kawula tansah suka gambira dene panjenengan sampun paring nugraha sakramen mahasuci, ingkang manunggilaken kawula kaliyan Gusti lan ugi dados sangu kangge kawula anggen kawula mlampah wonten ing warsa enggal punika. Mugi karana sakramen punika kawula tansah mbudidaya murih resiking batos lan gesang kawula, saengga pantes manunggil kabegjan, kaliyan Gusti; lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U.    Amin.


PANUTUP


Wara-wara Pasamuwan

Berkah
I.     Para sadulur kinasih, urip kita ana ing kuasa Dalem Gusti, Gusti kang priksa lan mranata kabeh lelakon ing donya. Gusti kang paring tata tentrem karta raharja. Mula minangka panutuping bojana ekaristi mirunggan iki, ~pahargyan tahun anyar miturut pitungan Jowo, ayo padha nyuwun berkah Dalem Gusti.

I.     Gusti manunggala
U.    Kaliyan kula sadaya
I.     Muga Allah kang Mahamirah, paringa pangayoman lan berkah matumpa-tumpa, ing sajroning Tahun Anyar iki.
U.    Amin
I.     Muga Allah ngluberna sih Nugraha, ngreksa kapitayan, neguhna pengarep-arep, lan ngurubna katresnan kang sejati.
U.    Amin
I.     Muga Allah ngrentahna tentrem raharja, nyantosakna jiwaraga, nyembadanana sakehing panyuwunan, sarta nuntun para sadulur ngener kamulyan jati.
U.    Amin
I.     Muga para sadulur dalah kuluarga lan kabeh kang kita suwunake ing sajroning bojono iki, tansah binerkahan dening Allah kang Maha-kuwasa: Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
U.    Amin

Ayahan
I.     Para sadulur kinasih bojana kurban ekaristi Tahun Anyar wus paripurna.
U.    Sembah nuwun konjuk ing Allah
I.     Ayo padha martosake katresnan lan kawelasan Dalem Gusti supaya kabeh bisa ngrasakake katentreman Dalem.
U.    Amin


Arak-arakan Panutup                                     K.A. No. 259